gurunya gak bosen ngasih hal terindh yang satu ini pada murid-muridnya yang imut-imut ini *--a
buat mempermudah buat para readers tercienthaaahhhh *eh (?) yang lagi bingung ..
chekidot !!
Assalamu ‘alaikum
wr.wb.
Bapak pangarsa Pawiyatan Menengah Pertama 4
Solo, Bapa tuwin ibu dwija, pangarsa komite Pawiyatan Menengah Pertama Negeri 4
Solo ingkang kula urmati. Bapak-ibu tiyang sepuh wali siswa ingkang kula
bekteni, sedherek kelas IX, kalihan adik-adik wakil kelas VII tuwin VIII
ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, kita sedhaya ngaturaken puji syukur dhumateng Allah
ingkang sampun paring rahmat, taufik, sarta hidayah pramila ing siyang punika
kitha sedhaya saged makempal saperlu mahargya perpisahan kelas IX siswa-siswi
Pawiyatan Menengah Pertama 4 Solo taun ajaran 2011-2012. Saderengipun nyadhong
pangaksma ingkang kathah awit kula kumawatun sumela atur anggen panjenengan
nembe sami wawon pangandikan awrat ngemban dhawuhipun kanca-kanca kelas IX
badhe atur pamit.
Boten kraos kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun anggen kula sami
sinau ing pawiyatan menika. Kula sakanca ngaturaken panuwun ingkang tanpa
pepindhan dhumateng Bapa tuwin Ibu dwija ingkang sampun paring piwucal
tuntunan, pitutur kanthi sabar lan tlatos. Kula sakanca ugi ngrumaosi
salebeting sinau ing pawiyatan ngriki kathah tindak tandhuk ingkang boten
mranani ing penggalih, kula sakanca nyuwun pangapunten ingkang kathah. Ugi
nyuwun donga pangestunipun, mugi-mugi kula sakanca sged nggayuh panggesangan
ingkang lancar.
Kangge adhik-adhik kelas VII
tuwin VIII mugi-mugi saged langkung damel ajuning pawiyatan punika langkung
sae. Mekaten atur kula, bok bilih wonten kalepatan atur kula nyuwun pangaksami.
Wassalamu ‘alaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar